Saturday, February 7, 2009

Ora krasa wis 3 tahun

Inyong ora krasa, amleng-amleng wis dadi pengajar (guru) nang SMK Diponegoro 3 Kedungbanteng wis telung tahun lawase .... Jian pancen wektu kuwe cepet banget mlakune......

Kur gari pinter-pintere dhewek gule nglakoni.. Arep olih perkara sing apik utawane perkara sing bakale dadi ora apik.....

Winasis padha ngendika, jere urip sing apik kuwe jere urip sing bisa manfangati kiwe tengene (manpangati wong liya) .....

Ya moga-moga baen.. Apa sing wis tek lakoni .. Yakuwe transfer of knowlege nggo siswa-siswa kabeh selama 3 tahun ketemu inyong ya ana manfangate... Moga-moga baen ilmu sing wis padha kaserep nang siswa-siswa ya padha dienggo tur manfangat....

Sing gemiyen padha cilik-cilik siki wis padha gedhe-gedhe... Sing gemiyen nembe lulus SMP siki wis lulus SMK ... Sing gemiyen esih enom.. siki wis tuwa .... Sing gemiyen urung bisa dandan siki wis padha ayu-ayu...

Ya moga-moga baen padha dadi wong sing bener bener , berguna karo nusa lang bangsa.. agama.. Moga-moga Gusti Alloh paring dalan sing apik dalan sing lurus dalan sing padhang kanggone kula lan siswa-siswa sing padha lulus ...

Lan moga-moga baen.. Siswa-siswa sing bakale padha dadi wong ... (apa siki udu wong???) Ya ora kelalen karo inyong.. Sing gedhe cilike wis tahu aweh ngelmu ora ketang mung sethithik.......



0 comments: