Angger ndeleng umure Kanjeng Nabi baen 60 berarti ya wis olih imbuh 39 tahunan.. Cara wong pinter jere wis olih bonus....
Tur maning wis mriyang 3 meh sewulan.. Dadi malah keluarga, khususe keluarga bojone inyong wis padha maca Surat Yasiin ....
Sing jenengane takdir kuwe pancen ora nana sing ngerti kejaba mung Gusti Alloh.. Gusti Kang Murbeng Dumadi... Gusti Kang Maha Kuwasa....
Inyong ya ora ngerti Kapan Tamu sing ora diundang teka maring nggon penguripanku... Kaya kakine inyong, wis 99 taun tamu utusane Gusti Alloh nembe rawuh tur njemput....
Mulane sekang kejadian kuwe.. Inyong dadi nyuwun .. Moga-moga inyong ya dijemput nang utusane Alloh dalam keadaan husnul khotimah... Moga-moga ya kepenak nang dunya kiye.. Nang akherat ya olih swarga sing dijanjikna nan Gusti Alloh........

0 comments:
Post a Comment