Showing posts with label inspirasi. Show all posts
Showing posts with label inspirasi. Show all posts

Saturday, February 7, 2009

Inspirasi (Wangsit)

Judul sing dimaksud nang nduwur kuwe ora ana hubungane karo wangsit dewa. Tapi mergane inyong nduweni kepenginan utawa cita-cita kepengin duwe blog sing nganggo bahasane inyong dhewek ya kuwe bahasa banyumasan. Wong ujarku tek deleng-deleng saben-saben ana blog utawa web site isine bahasane kur Indonesia, Inggris .... thok.....


Senajan inyong ya .. pancen wis duwe blog sing karo bahasa Inggris utawane bahasa Indonesia.. E.. idhep-idhep nglestarikena budaya Indonesia, utamane ya kuwe bahasa.. khususe bahasa Banyumasan....

Pancen saben-saben inyong ketemu kanca-kanca pas dhong nang ndhandengan (bepergian), kuwe jiann.. wong rata-rata ngomong menawa bahasane inyong kuwe jan NGAPAK .... terus maning ana sing ngomong jere COWAG ... Tapi ya emen... Sapa maning sing bakale nglestarikena bahasa banyumasan angger udu wong mbanyumas dhewek....

Ee.. aja ngosi kaya kasus-kasus sing wis klakon ... Kaya reog ponorogi, bathik lan liya-liyane sebab ora pada dirumat malah di aku nang negara liya (Malaysia) ... Mbok eman-eman....

Lha kuwe mulane inyong gawe blog sing nganggo bahasa banyumasan.. Dadi kena nggo nglestarikna budayane inyong dhewek.... Inyong ya kepengin banget moga-moga akeh putra daerah mbanyumasan (Banyumas, Purbalingga, Cilacap, Tegal, Kebumen dll) sing bahasane ngapak-ngapak ayuh pada nge-blog karo bahasa Banyumasan..

Kirane cukup semene ... Anggone inyong nulis ... Njabarna kenang ngapa inyong gawe blog karo bahasa Banyumasan....

Klilan....