Showing posts with label happy. Show all posts
Showing posts with label happy. Show all posts

Saturday, February 7, 2009

Verry Happy


Iklane Methungul
Inyong krasa bungah pisan (verry happy), cocog karo judul postingan kiye.... Ana kukus mesthi ana geni .... Inyonge bungah mergane iklan google bisa methungul (aliase metu..) nang blog sing nganggo basa Banyumasan... Angger blog basa Mlayu (Indonesia) biasane kan ora metu... Lha kiye beda.. wong bloge nganggo basa Banyumasan malah iklane ora ilang.. Biasane digenti karo iklan layana masyarakat..........

Ya kiye mbuh salahe sapa.. Inyong sing nggole njajal-njajal baen.. Utawane ... Pancen Mas Google ora ngenali anane basa Banyumasan apa kepriwe... Tapi sing jelas ya moga-moga baen anu Google Adsense support karo basa Banyumasan .. (anu ora nalar... aja digugu....)

Tapi muga-muga kiye dadi wangsite kadang mbanyumas (warga NGAPAK) .. moga-moga padha duwe inspirasi gawe blog sing nganggo basane dhewek sebab bisa metu iklane.. Artine blog mau angger di klik wong liya (sejen IP...) bisa olih kasil awujud dollar amerika...

Muga-muga baen kiye arep dadi tambahane duit kanggo inyong....


Mulane